JASA PEMBUATAN WEBSITE SURABAYA

Halo Sobat UMKM, Saatnya bikin web Murah Rek!, Gratis SEO persaingan Lokal.

Sopo sing karep gawe web, mreneo, Opo sih fungsine gawe web iku?

Gak pingin ta gawe website murah meriah, harga sing pantes piro rek!, nek minat hubungi aku yo, aku asline Gundih Bubutan saiki lagi kerjo gawe website, targetku gawe dulur kabeh teko suroboyo, wes gak pilih2 kerjoan, sing penting iso bantu sahabat UMKM. Ayo rek bangkit karo aku, Sakjane aku yo sempat terpuruk tahun 2025 ini, saiki wayahe bangkit maneh, wes ga wayahe meneng karo ndungo, wayahe bergerak golek kesempatan nambah seduluran.

Iki rek, aku gawe boso formal kok ga ngajeni karo dolor kabeh, wes tak gawe boso suroboyoan ae, karep moco yo wocoen, karep ninggal yo wes sakarepmu. Ga usah mikir jeru, engkok malah gawe gelo atimu. Sepurane sing akeh, nek bosoku ga formal, suroboyoan ae paling ciamik.

1. Ningkatno Kredibilitas Usahamu – Gawe bisnismu sing durung duwe jeneng.

2. Gawe Promosi 24 Jam – Buka ga tau tutup blas, kecuali ga bayar perpanjangan domain website.

3. Iso di delok seluruh indonesia – gampang digoleki neng Google asal ngerti carane.

4. Nek website anyaran pingin duwe pelanggan, gunakno Google Ads, facebook, instagram gawe promosi gampang.

Wes, saiki ojo salah tompo, ngertio wes wayahe sadar gawe masa depan iku kudu ngesot disek, nek sing instan iku gampang rek, tapi iku gawe sementara tok, selanjute yo usaha maneh sing temen, gunane ben iso anak lanjut sekolah duwur ojo koyok bapak e. Suwun yo nek kokean omong.

OnPage SEO

Wes Wayahe ngerti teknik SEO OnPage, Piye carane sih, Saiki tak jelasne SEO OnPage. SEO OnPage iku Struktur Website sing diatur berdasarkan target kata kunci utama sing ono neng halaman website. Jadi nek ngatur tulisan kudu sing bener ben google gampang olehe moco isi kontenmu.

OffPage SEO

OffPage iku teknik sing dibuat teko njobo website awak dewe, Contone gawe backlink teko blog dan gawe ankor text sing diarahkan neng websitemu. Semakin okeh link sing DA/PA tinggi mengko bakalan iso mbantu websitemu gampang digoleki. sing penting ojo gawe nesu pemilik blog.

a laptop computer screen showing a man standing in front of a laptop computer screen
a laptop computer screen showing a man standing in front of a laptop computer screen